Soal Remidi Uhb 2 Bahasa Jawa Semester I Kelas X Th. 2009-2010

20 Questions | Attempts: 396
Share

SettingsSettingsSettings
Soal Remidi Uhb 2 Bahasa Jawa Semester I Kelas X Th. 2009-2010 - Quiz

Soal awujud pilihan gandha cacahe 20 digarap kanthi wektu 15 menit!


Questions and Answers
  • 1. 
    Bapak lan ibu arep … ing … Budhe Sri kang … kersa mantu. Sanajan arep tindak jagong Bapak lan Ibu …. busana kang prasaja. Tembung ingkang trep kanggo  jangkepi ukara mawa basa ngoko alus ing dhuwur yaiku….
    • A. 

      (1) lelungan,(2) daleme,(3) nduweni, (4) ngagem

    • B. 

      (1) lelungan,(2) griyane,(3) kagungan, (4) ngagem

    • C. 

      (1) tindakan,(2) daleme,(3) kagungan, (4) ngagem

    • D. 

      (1) tindakan,(2) griyane,(3) nduweni, (4) ngagem

    • E. 

      (1) tindakan,(2) griyane,(3) kagungan, (4) nganggo

  • 2. 
    Ina pinter matematika, lan Ani pinter IPA kekarone tlaten etungan. Mulane bocah loro iku tansah guyub rukun amarga padha pamikire. Iku rak padha karo….
    • A. 

      Tumbu oleh tutup

    • B. 

      Kebo nusu gudel

    • C. 

      Belo melu seton

    • D. 

      Banyu karo lenga

    • E. 

      Kutuk marani sunduk

  • 3. 
    Gatekna pacelathon ngisor iki! Adi                  : “Hallo…! Sugeng sonten !” Pak Brata      :      “Sugeng sonten. Sinten punika nggih?” Adi                  :  “….” Pak Brata       : “Inggih leres.Iki Nak Adi kancane Toro ta?” Ceceg-ceceg wonten nginggil supados jangkep kaisi ukara kang trep yaiku…
    • A. 

      Kula Adi Pak. Punapa leres menika dalemipun Toro?

    • B. 

      Kula Adi Pak. Punapa leres menika asmanipun Toro?

    • C. 

      Kula Adi Pak. Punapa leres menika lenggahipun Toro?

    • D. 

      Kula Adi Pak. Punapa leres menika griyanipun Toro?

    • E. 

      Kula Adi Pak. Punapa leres menika omahipun Toro?

  • 4. 
    Bu Sinta               = “O, Nak Ida ta. Andin  mau ya neng omah, nanging lagi metu sedhela.” Ida                         = ”Nuwun sewu, Andin (1)……dhateng pundi  nggih,Bu. Kinten- kinten (2)……jam pinten?.” Tembung ingkang trep kangge jangkepi ceceg-ceceg mawa tandha angka (1) lan (2) miturut unggah-ungguh ingkang leres inggih punika….
    • A. 

      (1) tindak, (2) kondur

    • B. 

      (1) tindak, (2) wangsul

    • C. 

      (1) tindak, (2) tindak

    • D. 

      (1) kesah, (2) kondur

    • E. 

      (1) kesah, (2) wangsul

  • 5. 
    Ibu                         = ”Halo, iki Bramastri ya.” Bramastri             = ”Inggih Bu, wonten menapa?” Ibu                         = ”Adhik mau wis mangan apa durung lan saiki wis diadusi apa durung?’ Bramastri             = ”Adhik mau wis mangan lan wis adus, saiki lagi dolan.”   Aturipun Bramastri ingkang kagaris ngandhap menawi kaewahi dados basa krama ingkang trep kaliyan unggah-ungguh basa inggih punika….
    • A. 

      Adhik wau sampun nedha ugi sampun adus, sapunika nembe tindak

    • B. 

      Adhik wau sampun dhahar ugi sampun siram, sapunika nembe tindak

    • C. 

      Adhik wau sampun nedha ugi sampun adus, sapunika nembe dolan

    • D. 

      Adhik wau sampun dhahar ugi sampun adus, sapunika nembe dolan

    • E. 

      Adhik wau sampun nedha ugi sampun siram, sapunika nembe dolan

  • 6. 
    1.  Perkara kasebut antara Iiya yaiku tata ba­tine (mind set) wong Banyumas dhewe. 2. Ana pirang­-pirang perkara 3. Sing dimaksud tata batin isih akeh wong Banyumas duwe anggepan yen Banyu­mas iki  mujudake tinggalane penjajah 4. Miturut Ahmad Tohari kenangapa pa­dha isin, ora gelem, ora bisa nganggo Basa Jawa       Banyumasan.   Ukara-ukara ing dhuwur menawa diurutake supaya dadi paragraf kang becik, yaiku…
    • A. 

      1-2-3-4

    • B. 

      1-4-3-2

    • C. 

      3-4-2-1

    • D. 

      4-2-3-1

    • E. 

      4-2-1-3

  • 7. 
     Wulangan basa Jawa perlu tumrap bocah. Kabeh mau ora bisa owal saka sejarah kabudayan Tanah Jawa. Apa maneh kanggo kahanan sajroning jaman saya suwe saya kendho. Anggone nyinauni wulangan basa Jawa kaya dilalekna. Kabeh mau kabukti ananging majune teknologi sing canggih lan modern. Banjur ninggalna kabeh mau tanpa alesan jarene kabeh mau kuna. Nanging bocah-bocah saiki yen padha basa nganggo krama apa maneh krama inggil wis padha ora bisa. Bedane adoh banget mbok menawa dipadhakna karo dhek Jaman biyen. Bocah-bocah padha wasis basa. Ukara utamane yaiku….
    • A. 

      Banjur ninggalna kabeh mau tanpa alesan jarene kabeh mau kuna.

    • B. 

      Bocah-bocah saiki padha ora bisa migunakake basa krama inggil.

    • C. 

      Bocah-bocah padha wasis basa iku wigati dibudayakake.

    • D. 

      Wulangan basa Jawa perlu tumrap bocah.

    • E. 

      Kabeh mau ora bisa owal saka sejarah kabudayan Tanah Jawa.

  • 8. 
    Wacan ing dhuwur angka 7 yen dititik saka panggonan ukara utama diarani paragraf….
    • A. 

      Deduktif

    • B. 

      Induktif

    • C. 

      Deduktif-induktif

    • D. 

      Induktif-deduktif

    • E. 

      Campuran

  • 9. 
    Basa Jawa jaman saiki kaya dilalekna ( miturut wacan angka 7),  buktine yaiku….
    • A. 

      Bocah-bocah luwih seneng piwulang liyane

    • B. 

      Iku ora bener, amerga akeh wong isih seneng basa Jawa

    • C. 

      Para mudha padha ngurusi pagaweyane dhewe-dhewe

    • D. 

      Majune teknologi sing canggih lan modern, banjur ninggalna kabeh mau tanpa alesan jarene kabeh mau kuna

    • E. 

      Basa Jawa kudune luwih digatekake

  • 10. 
    Sawise suwe Basa Jawa ora dadi mata pelajaran ing bangku SMA, bareng taun 2005 iki mlebu ing bangku SMA minangka salah sijine mata pelajaran, ana rong penemu yaiku penemu sing pro Ian kontra. Olehe pro amarga mesthi bae kanthi mlebu ing bangku sekolahan Basa Jawa bakal Iuwih ngrembaka, tundhone bakal lestari tetep urip ing Indonesia iki. Dene sing kontra, salah sijine jalaran kontra amarga tenaga pengajar sing dianggep mumpuni kang mulang ing SMA kurang, yen ora oleh disebut ora ana. Underan wacan ing dhuwur yaiku ….
    • A. 

      Taun 2005 Basa Jawa mlebu ing bangku SMA ana panemu pro lan kontra.

    • B. 

      Basa Jawa ing bangku sekolah bakal Iuwih ngrembaka.

    • C. 

      Basa Jawa bakal lestari tetep urip ing Indonesia iki.

    • D. 

      Jalaran kontra amarga tenaga pengajar sing dianggep mumpuni kang mulang ing SMA kurang

    • E. 

      Rong penemu yaiku penemu sing pro Ian kontra.

  • 11. 
    Paling ora iki 'kesan' sing penulis rasakake. …. mangkono, yen dibandhingake, pangiring, purwaka, atur sapala, apa 'pengantar' ing buku­buku antologi esai Ian kritik sastra luwih lumayan …. ing antologi karya sastra. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing paragraf dhuwur yaiku ....
    • A. 

      Sanadyan, menawa

    • B. 

      Sanadyan, amarga

    • C. 

      Sanadyan, tinimbang

    • D. 

      Nanging, menawa

    • E. 

      Nanging, tinimbang

  • 12. 
    Ing babagan pendapatan saka sektor pariwisata, sejatine obyek wisatane cukup ana. Kabupaten kang nduwe semboyan Bersemi (Bersih-­sehat-mantap-indah) nduwe ora kurang saka 30-an obyek wisata kang perlu digarap. ….. Ukara kang trep kanggo jangkepi ceceg-ceceg ing paragraf dhuwur, yaiku…
    • A. 

      Purwodadi, kang dohe saka Sala apadene Semarang padha-padha 65 km iki, sejatine sugih obyek wisata keajaiban alam Ian wisata legenda.

    • B. 

      Malah kena diarani Purwodadi iku negeri legenda, awit patilasan¬patilasane.

    • C. 

      Obyek wisata kang wis kondhang kaya Bledug Kuwu Ian api abadi Mrapen kaajab bisa nuntun wisatawan menyang obyek-obyek Iiyane.

    • D. 

      Kayata kraton Medhang Kamulan kang ing crita Jawa, rajane aran Dewatacengkar doyanane mangan wong lan kawusanane dikalahake dening Aji Saka.

    • E. 

      Mataram satekane Surakarta lan Yogyakarta, patilasane Jaka Tarub kang kabare ngrabi widadari Nawangwulan.

  • 13. 
    1. Nggambaraken samubarang upamane kahanan 2. Nggambaraken samubarang upamane papan 3. Nggambaraken samubarang upamane manungsa 4. Bisa menehi gambaran marang sing maca kaya-kaya  bisa ndeleng dhewe 5. Asipat mbujuk supaya sing maca melu nuruti marang apa kang dikarepake pengarang Pranyatan ing dhuwur minangka titikanipun karangan deskripsi, kajaba…..
    • A. 

      1

    • B. 

      2

    • C. 

      3

    • D. 

      4

    • E. 

      5

  • 14. 
    Jaman taun pitung puluhan (1970) Negara Suriname durung merdika, isih dadi bageyane Negara Landa. Akeh wong saka tlatah Jawa sing turun-temurun, nak-kumanak padha urip ing Negara Suriname, lan manggon ing desa-desa sing jenenge wae nganggo jenengan Jawa, ora beda karo ing kene, kayata; desa Tamanrejo, Sidorejo, Sidodadi lan isih akeh maneh liyane. Suasane meh padha karo desa-desa ing Jawa Tengah kene.. Rasane kaya ora urip ing Negara liya, ning urip ing tlatah Jawa wae. Tekan keseniane barang ya meh padha wae. Dhasare mbiyen pancen ya wong seka tlatah Jawa. Manut pethilan ing dhuwur topik paragraf ing dhuwur….
    • A. 

      Mbandhingake wong Jawa lan Landa

    • B. 

      Mbandhingake wong Jawa lan Suriname

    • C. 

      Mbandhingake wong Jawa lan Sidodadi

    • D. 

      Mbandhingake wong Jawa lan Sidorejo

    • E. 

      Mbandhingake wong Jawa lan Tamanrejo

  • 15. 
    Pranyatan kang ora trep  karo wacan ing dhwur  yaiku….
    • A. 

      Taun pitung puluhan Suriname isih dadi bayangane Landa

    • B. 

      Akeh wong saka tlatah Jawa sing turun-temurun ing Negara Suriname.

    • C. 

      Suasane ing Suriname meh padha karo desa-desa ing Jawa Tengah kene.

    • D. 

      Rasane urip ing Suriname kaya ora urip ing Negara liya, ning urip ing tlatah Jawa

    • E. 

      Taun pitung puluhan Negara Suriname wis merdika.

  • 16. 
    Gatekna pethilan cerkak ngisor iki! Kaya adat saben, tekan pojokan pasar dheweke mandheg. Angkringe diselehna neng ngisor wit ringin. Ing kana wong­-wong wis dha ngenteni. Pancen seger, panas-panas ngombe dhawet neng ngi­sor wit ringin sing adhem. Wong-wong kuwi enggal bae rebutan njaluk didoli dhawet. Wong-wong sing saben dina sa­ba pasar. Ana bakul, ana tukang becak Ian liya-Iiyane. Latar/setting cerkak ing pethilan dhuwur yaiku….
    • A. 

      Ngarep omah sing dodol dhawet

    • B. 

      Ngisor wit ringin ngarep omahe bakul

    • C. 

      Swalayan

    • D. 

      Pojokan desa

    • E. 

      Pojokan pasar

  • 17. 
    Gatekna pethilan cerkak ngisor iki! Pancen. Wingi awan ana kampanye saka Partai Jagung. Pak Bejo, caleg partai politik sing akeh pendhukunge kuwi sing dadi juru kampanye Partai Jagung. Sawi­se rampung anggone orasi, Pak Bejo mu­dhun saka panggng mlaku tumuju mo­bile, dikawal satgas nganggo klambi lo­reng-loreng meh kaya tentara. Ing te­ngahe dalan sadurunge tekan mobil, Pak Bejo mandheg pas neng ngarepe Kang Karjo sing nalika kuwi lagi mrema neng lapangan panggonan kampanye. Pak Bejo njaluk didoli dhawet sak gelas. Wong-wong padha ngguyu. Eram, dene ana wong gedhe gelem ngombe dhawet saka bakul pinggir dalan. Mbarengi karo Pak Bejo nampani dhawet sa­ka tangane Kang Karjo, ana wartawan sing njepret nganggo tustele, dipacak neng koran diva iki. Ing warta koran sing diwacakna Supardi uga dicethakna janji­ne Partai Jagung. Suk yen sida menang pemilu, mesti bakal ngupayakna kesejah­teraane wong cilik. Mula Pak Bejo pesen supaya kabeh dha nyoblos Partai Jagung, awit miturut Pak Bejo ya mung Partai Ja­gung sing paling perduli karo nasibe rakyat….. Ing pethilan cerkak kasebut sinten ingkang purun ngunjuk dhawet ing atasipun priyayi….
    • A. 

      Calon presiden

    • B. 

      Caleg partai Jagung

    • C. 

      Calon ketua MPR

    • D. 

      Bupati

    • E. 

      Gubernur

  • 18. 
    Saka pethilan cerkak angka 17 ing dhuwur ngandhut amanat….
    • A. 

      Dadi wong gedhe mesthi kepenak

    • B. 

      Sekolah sing pinter ben ora dodol dhawet

    • C. 

      Aja lali marang janjine dhewe, yen wis nemokake gegayuhane

    • D. 

      Manungsa urip rekasa iku saka polahe dhewe

    • E. 

      Aja seneng tumindak culika, mengko bakal nemokake kasengsaran

  • 19. 
    Gatekna  pethilan cerkak ngisor iki! Semono uga babagan janji kang wis kawedhar saka ucape Pandhita/Ulama utawa Ratu/Pangarsa kudu ana buktine. Yen ora mesthi wae ilang kapitayane, jalaran masyarakat bakale bingung endi sing kudune dienut lan endi sing kudune dadi panutan. Mula kabeh ucape kudu ana kanyatan lan buktine, kabeh tetembungane lan tumindake kudu jujur lan bener, kena kanggo panuladhan kabeh para kawulane. Samangsa duwe rasa kang ora seneng aja nganti kawektu ing tembung, prayoga disimpen sing rapet. Jalaran kabeh ucape lan tetembungane bakal ndayani tumrap sakabehing kahanan. Pethilan cerkak ing nginggil ngandhut budi pekerti, inggih punika….
    • A. 

      Ber budi bawa laksana

    • B. 

      Ajining dhiri saka lathi

    • C. 

      Jer basuki mawa bea

    • D. 

      Sura dira jaya ningrat

    • E. 

      Jaya-jaya wijayanti

  • 20. 
    Iki lho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo the. Ayo diserbu dhisik!”, sumeh, grapak, semanak lan eseme sing ngatonake untu gingsule, sak weruhku ora tau copot saka legeyane Kang Parman. Aku dijak munggah gubuge. Banjur bontote, tela godhog sing dibuntel godhong lan tehe sing diwadhahi botol aqua, didhasarake ing amben-ambenan gubug.” Ing ngisor iki kang ora kalebu watake Kang Parman yaiku…
    • A. 

      Sumeh

    • B. 

      Grapyak

    • C. 

      Semanak

    • D. 

      Ora anggak

    • E. 

      Cethil

Back to Top Back to top
×

Wait!
Here's an interesting quiz for you.

We have other quizzes matching your interest.